A. Nyemak Crita Dengeng

 BAB 2


Dongeng iku crita kang ngamot piwulang lan pitutur kang becik kanggo awake dhewe. Mula, ora ana salahe mangerteni dongeng-dongeng kang dadi warisane leluhur. Piwulang lan pitutur kang becik bisa ditindakake ana ing panguripan saben dinane.

1. Karakteristik Crita Rakyat
    Crita rakyat nduwe karakteristik utawa titikan, yaiku kaya mangkene.
    a. Anonim (crita ora kaweruhan sapa kang nganggit).
    b. Kolektip (duweke masyarakat bebarengan.)
    c. Dicritakake kanti lesan.
    d. Dicritakake turun-temurun.
2. Perangane Crita Rakyat
    Perangane crita rakyat yaiku kaya mangkene.
    a. Crita fiksi
        Ing ngisor iki jinis-jinise crita fiksi.
        1) Mite
            Mite yaiku crita kang ana gegayutane karo alam lelembut, alam gaib, lan paragane                arupa manungsa sekti, dewa, utawa kewan kang nduwe kasekten.
            Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, tuyul lan liya-liyane.
        2) Fabel
            Fabel yaiku crita kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa
             Tuladhane : Kancil Nyolong Timun, Kancil karo Baya, Kancil karo Macan, Gajah Musuh                     Semut, lan liya-liyane.
        3)  Legenda
             Legenda yaiku crita gegandhengan karo dumadine sawijining papan utawa barang
            Tuladhane : Asal-usul Rawa Pening, Asal usul Desa Grantung, Watu Malin Kundang, lan liya-                liyane.
        4) Dongeng
            Dongeng yaiku crita fiksi (crita gawean) kang ora kedaden. Tuladhane Keong Emas lan Timun                 Emas.
   b.  Crita nonfiksi
        Ing ngisor iki jinis-jinise crita nonfiksi.
        1) Hikayat
            Hikayat yaiku crita kang nyritakake babagan peragane kanthi jelas.
            Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar, lan liya liyane
        2) Babad
            Babad yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi crita kang sinandhi                         wusanane kaya-kaya crita kang ngayawara.
            Tuladhane : Babad Tanah Jawi, babad Mataram, babad Majapahit, lan liya-liyane.
        3) Sejarah
            Sejarah yaiku crita kang bener-bener kadaden lan ana bukti nyatane.
            Tuladhane : Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit, Sejarah Wali Perkasa, lan liya-                    liyane.
        4) Roman
            Roman yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan mulai lair tekan pati.
            Jinise roman yaiku Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif, lan liya-                                              liyane.

Gladhen 

Garapen gladhen ing ngisor iki!  
Nggawea kelompok karo kanca samejamu! 
Sawise goleka crita rakyat kang isih ana ing sekitar kuthamu! 
Bisa takon marang wong tuwa, sesepuh desa, utawa ing internet! 
Tulisen asile ing buku tugas banjur kumpulna marang guru!



Komentar

Postingan Populer